uz
Feedback

Firibgarlarga uchmang! Telemetrio bunday kanallarni topadi va belgilaydi 👉 Belgini ko‘rmoqchi bo‘lsangiz, obuna bo‘ling

Wikipédia Jawa

Wikipédia Jawa

Kanalga Telegram’da o‘tish

Sugeng rawuh ing kanal resmi Wikipédia Jawa! Grup: @jvwiki_grup Proyèk: • jv.wikipedia.org • jv.wiktionary.org • jv.wikisource.org Média sosial: • Facebook: fb.com/jvwiki • X: x.com/jvwikipedia • Instagram: instagram.com/jvwiki

Ko'proq ko'rsatish
398
Obunachilar
Ma'lumot yo'q24 soatlar
-37 kun
-430 kun
Postlar arxiv
Ngaturaken salam rahayu dhumateng sedaya Kanca Wiki! Komunitas Wikimédia Ngayogyakarta badhé ngawontenaken WikiLatih Wikition
Ngaturaken salam rahayu dhumateng sedaya Kanca Wiki! Komunitas Wikimédia Ngayogyakarta badhé ngawontenaken WikiLatih Wikitionary basa Jawi (Wikisastra). Wonten gladhèn punika panjenengan dipun ajak mbesut ing jv.wiktionary.org. Wikilatih Wikisastra menika dipunwontenaken kanthi _luring_ ing: 🗓️ : *Minggu, 18 Oktober 2026* ⏰ : *11.30 WIK - rampung* 🏠 : *Warteg Bolodewe Manahan Surakarta* Sumangga panjenengan sami saged ndaptar lumantar pranala menika https://wmid.info/wl-wtjv-surakarta Katrangan jangkepipun saged sesambetan kaliyan *Agus* (089617237377).

Frans Kaisiepo iki pahlawan nasional Indonésia saka Papua. Dhèwèké lair tanggal 10 Oktober 1921 lan ninggal tanggal 10 April
Frans Kaisiepo iki pahlawan nasional Indonésia saka Papua. Dhèwèké lair tanggal 10 Oktober 1921 lan ninggal tanggal 10 April 1979. Frans ngusulaké jeneng Irian, sajeroning tembung ing basa Biak kang ngandhut arti umob. Dhèwèké uga tau dadi Gubernur Papua ing periode 1964-1973. Dinggo ngèlingi labuh labeté, jenengé Frans dadi jeneng lapangan montor mabur ing Biak lan gambaré kacithak ing dhuwit sepuluh ewu rupiah. https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Frans_Kaisiepo #tokoh #pahlawan

photo content

Halo kawan Wiki! ✨ Ingin menjadi bagian dari peringatan Hari Museum Nasional dan berkontribusi dalam pengembangan artikel seputar museum bersama Komunitas Wikimedia Yogyakarta? Inilah saat yang tepat! Pada kesempatan ini, teman-teman akan bertemu secara luring, menyunting bersama pada laman Wikipedia Indonesia, dan berbincang-bincang seputar museum bersama Komunitas Wikimedia Yogyakarta. Menariknya, kopdar ini dilakukan secara serentak di seluruh wilayah Indonesia! Tunggu apa lagi, mari segera mendaftar sebelum kuota terpenuhi! Kopdar akan dilaksanakan pada : 📆 Minggu, 11 Oktober 2026, 🕰️ 10.00 - 15.00 WIB 📍 Fordo Espresso Bar Kaliurang Jl. Pogung Kidul No.34-33, Pogung Kidul, Sinduadi, Mlati, Sleman , Daerah Istimewa Yogyakarta 55284 🗺️ https://maps.app.goo.gl/khuDF9mMHSb14ht27 ✍️ Tautan pendaftaran: bit.ly/DaftarKopdarMuseum2026 Kuota peserta: 15 orang! Informasi lebih lanjut dapat menghubungi: Fahrizal Leo (085727343885) Sampai bertemu teman-teman semua! ✨✨ #wikipedia #museum #harimuseum

Tentara Nasional Indonesia dumadi saka telu angkatan bersenjata, yaiku TNI Angkatan Dharat, TNI Angkatan Laut, lan TNI Angkat
Tentara Nasional Indonesia dumadi saka telu angkatan bersenjata, yaiku TNI Angkatan Dharat, TNI Angkatan Laut, lan TNI Angkatan Udara. Nagara Indonésia nalika madeg wiwitané ora ndarbèni kesatuan wadya. Badan Keamanan Rakyat kang digawé liwat sidang PPKI satemené dudu wadya minangka sawijining organisasi kaprajuritan kang resmi. BKR mung disiapaké kanggo ngreksa kaamanan lokal, supaya ora nuduhaké panganggep yèn Indonésia siyap-siyap miwiti paperangan ngadhepi Sakuthu. Nanging, srana Dekrit Présidhèn tanggal 5 Oktober 1945 (nganti saiki dipèngeti minangka dina klairan TNI), BKR diowahi dadi Wadya Keamanan Rakyat (TKR). Tanggal 7 Januari 1946, Wadya Keamanan Rakyat ganti jeneng dadi Wadya Keselamatan Rakyat. Sabanjuré, tanggal 24 Januari 1946, diowahi manèh dadi Wadya Républik Indonésia. Sugeng mengèti dinten Tentara Nasional Indonésia 2026. https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Tentara_Nasional_Indonesia

Buku Laron Byar (ꦭꦫꦺꦴꦤ꧀​ꦧꦾꦂ) dadi tembayatan niti waca sasi iki. Payo niti waca buku iki bebarengan, prakanca! #nitiwaca #wik
Buku Laron Byar (ꦭꦫꦺꦴꦤ꧀​ꦧꦾꦂ) dadi tembayatan niti waca sasi iki. Payo niti waca buku iki bebarengan, prakanca! #nitiwaca #wikisumberjawa #bukucrita

Kanca Wiki punapa sampun naté mireng tembung "goblog" wonten salebeting wicantenan? Tembung "goblog" wonten ing basa Jawi pun
Kanca Wiki punapa sampun naté mireng tembung "goblog" wonten salebeting wicantenan? Tembung "goblog" wonten ing basa Jawi punika ateges bodho sanget. Pitembungan punika karaos kasar lan ugi ngasoraken, pramila boten pantes menawi katuturaken wonten ing sembarang panggènan. Minangka tiyang Jawi kedah ngatos-atos anggènipun nuturaken tembung tuwin tata basa. Basa Jawi punika raket sesambetanipun kaliyan unggah-ungguh, sopan santun, ugi anggènipun wicantenan kedah migatosaken empan papan saha adhepan. --- Panjenengan ingkang kagungan priksa babagan pitembungan Jawi, sumangga saged ndhèrèk nyumbang kawruh wonten ing Wiktionary Jawi: jv.wiktionary.org --- #javanese #wiktionary #jawa #dictionary #goblog #goblok

Piyé kabaré, Kanca Wiki? Ayo para kanca sing kapéngin bisa nggawé artikel ing Wikipédia Basa Jawa mangga padha mèlu Wikilatih
Piyé kabaré, Kanca Wiki? Ayo para kanca sing kapéngin bisa nggawé artikel ing Wikipédia Basa Jawa mangga padha mèlu Wikilatih bareng Balé Basa Ngayogyakarta. Sinau bebarengan minangka sarana ngrembakakaké lan nglestarèkaké basa Jawa lumantar gladhèn cara nulis lan besut artikel. Mangga padha anyengkuyung upaya Amardikaning Kawruh lumantar mbabaraké artikel-artikel Wikipédia Jawa: Bauwarna Mardika Abasa Jawa saakèh-akèhé. https://wmid.info/wl-yogyakarta #WikipediaJawa #WikimediaIndonesia #bebaskanpengetahuan

Ing masarakat Jawa, ana kang diarani paribasan utawa tetembungan utawa ukara saèmper saloka nanging tegesé wantah, dudu pepin
Ing masarakat Jawa, ana kang diarani paribasan utawa tetembungan utawa ukara saèmper saloka nanging tegesé wantah, dudu pepindhan. Salah siji paribasan sing kerep keprungu yaiku alon-alon waton kelakon. Kajaba ing Wikipedia Jawa, kumpulan paribasan Jawa iya bisa ditulis ing Wikikutip Jawa sing isih ana ing inkubator. Payo, Kanca-kanca, bebarengan nyumbang data paribasan lan kutipan tokoh ing inkubator Wikikutip Jawa. https://jv.wikipedia.org/wiki/Paribasan_Jawa https://incubator.wikimedia.org/wiki/Wq/jv/Pendhapa

Sugeng mengeti Dinten Olahraga Nasional, 9 September. Mugi masarakat Indonésia tansah kagungan greget anggenipun nindakaken o
+1
Sugeng mengeti Dinten Olahraga Nasional, 9 September. Mugi masarakat Indonésia tansah kagungan greget anggenipun nindakaken olahraga ing padintenan murih bangsa Indonesia tansah pinaringan kasarasan ingkang sae. https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Dina_Olahraga_Nasional

Sikep ngapurancang. Tegesé tangan kagathukaké drijiné tlusup-tlusupan. Kanca-kanca bisa gawe utawa nambahi katrangan tembung
Sikep ngapurancang. Tegesé tangan kagathukaké drijiné tlusup-tlusupan. Kanca-kanca bisa gawe utawa nambahi katrangan tembung jawa ing https://jv.wiktionary.org/ Ayo, ngrembakakaké Wikisastra bebarengan!

Pethèt (Leucaena leucocephala) uga diarani lamtoro, mandingan/mlanding/kemlandingan utawa petai cina. Pethet sauwit godhong d
Pethèt (Leucaena leucocephala) uga diarani lamtoro, mandingan/mlanding/kemlandingan utawa petai cina. Pethet sauwit godhong duwé manpangat akèh. Godhong pethet bisa kanggo pakan kéwan, wijiné kang isih ijo kanggo masakan upamané campuran buntil utawa bothok. Pupus godhongé kanggo campuran pecel. Ing laladan tartamtu ana kang ngunakaké godhong pethèt kang isih nom (pupuse) dadi tamba tatu anyaran. Kayu pethèt kang atos kena kanggo kayu obong. Ana ing kuthamu isih ana wit pethèt ora, Kanca-kanca? https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Pethèt #tuwuhan #wiji #tanduran

Miftachul Akhyar (miyos ing Surabaya, 30 Juni 1953) punika satunggaling ngulama ingkang mengku kalenggahan minangka Rais ‘Aam
Miftachul Akhyar (miyos ing Surabaya, 30 Juni 1953) punika satunggaling ngulama ingkang mengku kalenggahan minangka Rais ‘Aam Pengurus Besar Nahdlatul Ulama (PBNU) wiwit taun 2018. Panjenenganipun naté kadhapuk minangka Pangarsa Umum Majelis Ulama Indonesia (MUI) ing taun 2020 dumugi taun 2022. Kajawi punika, panjenenganipun ugi mangarsani Pondhok Pasantrèn Miftachus Sunnah, Surabaya. --- Panjenengan saged ndhèrèk mbesut artikel punika wonten ing Wikipédia basa Jawi: https://jv.wikipedia.org/wiki/Miftachul_Akhyar --- #javanese #wikipedia #muktamar #pbnu #nahdlatululama

Mulud punika salah satunggaling wulan ingkang magepokan kaliyan lampah gesangipun Kangjeng Nabi Muhammad SAW. Ing wulan punik
Mulud punika salah satunggaling wulan ingkang magepokan kaliyan lampah gesangipun Kangjeng Nabi Muhammad SAW. Ing wulan punika umat Islam sami dipun-ajak kanggé nuladhani lelabetan saha ajaranipun Rasulullah. Pramila warisan ajaran ngèlmi punika boten uwal saking wontenipun para ngulama. Lajeng sinten ingkang kawastanan gelar "ngulama" punika? Sumangga saged sesarengan nyemak kintunan rubrik "Tembung Jawa Dina Iki"! --- Panjenengan ingkang kagungan priksa bab pitembungan Jawi, sumangga katuran ndhèrèk nyumbang kawruh ing Wiktionary basa Jawi: jv.wiktionary.org --- #javanese #wiktionary #jawa #ulama #maulidnabi #muhammad

Wilujeng hamèngeti Mulud Dalem Kangjeng Nabi Muhammad SAW! Lumantar pèngeten puniki, mugi kula panjenengan sami saged nuladha
Wilujeng hamèngeti Mulud Dalem Kangjeng Nabi Muhammad SAW! Lumantar pèngeten puniki, mugi kula panjenengan sami saged nuladha lampah gesang tuwin darmalaksananipun Sang Nabi. --- Gambar "Bangsal Pagelaran of the Kraton of Yogyakarta" saged dipun-aksès ing: https://commons.wikimedia.org/wiki/File:Bangsal_Pagelaran_of_the_Kraton_of_Yogyakarta.jpg --- #javanese #wikipedia #jawa #maulidnabi #muhammad

Jakabélék utawa Anggara yaiku graha kaping papat saka srengéngé. Jenengé dijupuk saka jinis lelara arupa mata kang abang lan
Jakabélék utawa Anggara yaiku graha kaping papat saka srengéngé. Jenengé dijupuk saka jinis lelara arupa mata kang abang lan perih. Planit iki kerep diarani "lintang abang" amarga yèn dideleng saka kadohan katon semu abang. Ing lumahing Jakabélék ana tlawah, gunung geni, lebak, ara-ara, lan tudung ès. Jakabélék duwé jari-jari kira-kira setengahé jari-jari Bumi kurang luwih 6000 m. Adhedhasar dhata saka wahana Phoenix, lemah Jakabélék kapérang saka unsur magnesium, sodium, potasium, lan klorida. Lemahe ngandhut pH 8,3, lan uyah perklorat — unsur kang wigati kanggo tetuwuhan. https://jv.wikipedia.org/wiki/Jakabélék #planit #astronomi

Mlayu-mlayu mampir tuku lotis Sesuk Minggu ayo mangkat ning Museum Keris!! Kopdar Wikimedia Commons Komunitas Wikimedia Yogya
Mlayu-mlayu mampir tuku lotis Sesuk Minggu ayo mangkat ning Museum Keris!! Kopdar Wikimedia Commons Komunitas Wikimedia Yogyakarta hadir kembali! Ayo daftarkan diri dan ikut serta agenda kita pada: - 📆Hari, tanggal: Minggu, 30 Agustus 2026 - 📍Lokasi: Museum Keris Nusantara, Jl. Bhayangkara No. 2, Sriwedari, Kec. Laweyan, Kota Surakarta - ⁠Terbatas 10 orang terpilih Pendaftaran melalui: bit.ly/wmid-daftarkopdarjogja Informasi lebih lanjut bisa melalui: Kak Nana (+62 812-1732-0818) Kami tunggu kehadirannya!✨✨ Sampai jumpa besok! ✨✨

Ngaturaken Sugeng Ambal Warsa ingkang kaping 81 Républik Indonésia! --- #Javanese #Wikipedia #Jawa #HUTRI81 #Indonesia
Ngaturaken Sugeng Ambal Warsa ingkang kaping 81 Républik Indonésia! --- #Javanese #Wikipedia #Jawa #HUTRI81 #Indonesia

Ing Wikipedia Jawa ana artikel-artikel asil Proyèk Ganitasastra sing ngrembug babagan matématika lan gandhèng cènènge karo pasinaon tarbuka. Kanca-kanca sing duwe greget ana ing babagan Matématika, bisa melu ngrembakaké artikel-artikel sing wis ditulis. Artikel-artikel rintisan sing wis kasil ditulis kaya ta Arkhimédès, Hipatia, Logika matématika, Matématika terapan, Pangurangan, Pi, Simpoa, Trigonomètri, Wilangan (matématika). lan Wilangan asli. Payo, para Kanca padha gotong-royong anggoné nglestarekaké basa Jawa srana nulis artikel bahasa Jawa ing Wikipvdia Jawa. https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Kategori:Ganitasastra_Project

Umbul Jalatundha inggih menika papan wisata toya ingkang mapan wonten ing Jatianom, Dhusun Jambéyan, Kecamatan Karanganom, Ka
Umbul Jalatundha inggih menika papan wisata toya ingkang mapan wonten ing Jatianom, Dhusun Jambéyan, Kecamatan Karanganom, Kabupatèn Klathèn. Papan wisata Umbul Jalatundha menika wiyaripun 220 mèter pasagi. Wonten ing umbul ugi saged tinemu sompil ingkang wonten ing dhasar. Sompil ingkang wonten ing ngriku bènten saking papan sanès amargi gadhah pucuk ingkang bujel. Umbul Jalatundha kapitayakaken sampun wonten saking jaman lami, saha gadhah cariyosipun piyambak. Wonten ing sakitering umbul wonten séla ingkang wonten tapaking sampéyan ingkang dipunpitaya gadhahipun Bisma, salah satunggal satriya saking paringgitan. Saéngga tapaking sampéyan menika dipunwastani Tapak Bisma. Kajawi menika, wonten ing umbul ugi saged katingal kalih reca inggih menika reca Bathara Siwa saha Ganésha, saéngga dipunpitaya menawi rumiyinipun Umbul Jalatundha dipun-ginakaken dados patirtan utawi sumber toya ingkang kaanggep suci. https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Umbul_Jalatundha #wisata #Klathèn